KELAS VI - 15 OKTOBER 2020



Gawea video praktik nalika kowe mertamu nang daleme Pak RT utawa Bu RT saperlu ngaturaken serat ulem pengajian mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW. Video praktik mung ethok-ethok (bermain peran). Sing dadi pak RT utawa Bu RT bisa bapak utawa ibumu.

ketentuanipun:
  1. praktik mertamu nganggo basa krama sing bener
  2. nyuwun tulung bapak, ibu, simbah, kakang, utawa mbakyu supados dados Pak RT utawa Bu RT
  3. nyuwun tulung uga salah siji anggota keluargamu supados ngrekamke video praktik anggonmu mertamu
  4. video kudu nunjukake swara lan gambar sing jelas
  5. video dikirim japri ten WA Pak Yan paling lambat dina senin, 19 oktober 2020 tabuh 12.00 awan

sugeng praktik.





15.10.20/BJW 4.4/CTL